Monday, May 31, 2010

Cak Barek Ning saiki HUT Surabaya Ke 717 lhoo!!!

Apa Kabar Semuanya? Semoga baik-baik saja.


Hari ini tepatnya tgl 31 Mei 2010, dimana Kota Surabaya Tercinta sedang Merayakan Ultah yg Ke 717. dan di Postingan special ini, saya akan coba untuk menulis post ini menggunakan bahasa Suroboyan, karena apa, ya karena ini hari special Ultah Suroboyo kok. jadi ya sah-sah saja kan???
Oke.. Kita Mulai saja ya...



Bismillah...

Dulur kabeh, ngerti gak, lak saiki iku ulang taune kutho suroboyo tercinta? paling dulur kabeh lak ancene cinta ambek suroboyo, yo podho ngerti lah..mosok ulang tahun kuthone dewe gak ngerti rek??

yowes lak ngono, gak athek basa basi, aku kape ngekei eruh nang dulur kabeh, opo ae sing tak senengi teko kutho suroboyo tercinta iki. tak mulai ae yo cak barek ning...

1. Suroboyo iki, kutho metropolitan, tapi sek rodok manusiawi digawe enggon urip.

soale opo, lak peno ngerti, nang kene iki sek jarang macet, trus uripe yo wes modern, sembaran-sembarang onok kabeh nang kene, mulai fasilitas umum (terminal, bandara dkk) sampe plasa-plasa yo onok lengkap. trus rumah sakit yo gedhe-gedhe pisan nang kene, nggon sekolah karo kuliah yo akeh sing terkenal kok. dalan-dalane yo wes akeh trus gedhe-gedhe pisan, lah berarti cocok kan yo, lak digawe panggon urip??? pas banget pokoke.

2. Panganan Khas Suroboyo

Wah, lak jenenge panganan, kabeh wong suroboyo iki, pasti kemalan panganan (doyan makan) lha yaopo, nang kene iku akeh panganan khas, sing rasane asli trus otentik, dan rosone. wah ojok ditakok, pasti nggarai ngiler. lak didaftar, wah onok kiro2 puluhan lebih macem panganan nang suroboyo iki. contohe : Lontong Balap, Semanggi, Rujak cingur, Lontong Kupang, Rawon, Tahu Tek, Jongkong, Lapis Surabaya, Bongko Mento, Penyetan, Bebek Goreng, wes pokoke lak disebutno kabeh tambah nggrai luwe rek. makane iku, mending muter-muter nang suroboyo dewe ben isok ngrasakno kabeh panganan iku.

3. Ketertiban, keresikan , dan Keteraturan Kota

Lah, Iki sakjane seh kedadian nang akhir-akhir taun iki. gak ngerti knopo. sing jenenge kutho suroboyo iki tambah resik trus ayu, lah yaopo. nang tengah -tengah kota, akeh dikei taman-taman sing apik-apik trus yo bersih. durung maneh nang taman iku, fasilitase yo lengkap rek. mulai teko Wifi Zone, Jogging Trek, Dulinane arek cilik, sampek panggonan panganan. wah pokoke lengkap kabeh lah.

lak masalah ketertiban, aku wani ngomong suroboyo kutho paling tertib sak Indonesia. lha yaopo
ben dalan mesti onok polisine, trus dalanan iku diatur endi sing dilewati karo roda loro ambek angkutan umum, endi sing dilewati karo roda papat, wes diatur kabeh. durung maneh polisine teges-teges. dadi dalanan iku mesti tertib. wes ngono kampanye perkoro ketertiban yo akeh nang Suroboyo. misale safety driving, lajur kiri Ok, Nyalakan Lampu sein di siang hari, lan sakabehe. dan gara-gara sukses ngadakno kampanye iki. Suroboyo dadi objek percontohan kutho-kutho gede liyane, contohe Jakarta.

Lak Masalah kebersihan, wah ojok disangkal, nang suroboyo, saiki dalanan sing digawe pasar-pasar liar. wes dirapihno kabeh. kabeh wes didekek nang sak enggon, ben dalan sing digawe pasar mau isok resik gak ruwet. iki yo gebrakan paling canggih ancen nang suroboyo.

4. Arek Suroboyo, sing blak-blakan tapi atine apik

Ngerti kan, lak Arek Suroboyo iku omongane kasar tapi atine apik. lah ancen wathek e arek sby sing koyok ngono iku sing dadi ciri khas. soale arek sby gak gelem omongan sing mbendhol mburi trus awake dhewe iki yo dididik dadi pejuang kabeh, makane iku. yo ojok athek macem-macem karo arek Sby. soale arek sby terkenal wani, solider, tapi loyal.

5. Kabeh sing onok nang suroboyo aku cinta.

wah,lak kategori terakhir iki seh mutlak, ancene aku arek suroboyo sejati. mulai teko pemerintah, tata kota, sampek panganane, aku cinta suroboyo. soale opo, masyo iki kutho metropolis ke loro, tapi kutho iki jek mempertahano Identitase dewe-dewe. dan prasaku tambah suwe kutho iki tambah apik ae. gak tambah ruwet koyok kutho-kutho liyane.

Sing Dibenci teko Suroboyo.

lah, lak misale onok sing dicintai pasti onok sing dibenci tekan suroboyo. lak sing dibenci seh mek sithik kok. terutama yo. karna persebaya suroboyo kalahan nang ISL. Gak ngerti knopo, padahal biyen Persebaya iki menangan, yo mugo-mugo ae tahun ngarep persebaya onok kemajuan

trus sing dibenci iku, teko para pendatang, sing sakarepe dewe. lah, sakjane para pendatang iku kan yo duwe aturan, ojok asal teko trus isoke mek ngrusuhi ambek ngotori. yo ojok ngono rek, iki kabeh podho golek pangan dewe-dewe. tapi carane yo sing nggenah. ojok sampek ngrusak.

lah, sing dibenci trakhir iki yo opo maneh lak gak enggon porstitusi paling gede sak Indonesia. yo sebutane kampus D lah, wah eman-eman lak Suroboyo mek terkenal gara-gara kampus D iki. padahal yo asline akeh sing luwih isok dibanggakno dibandingo karo Kampus D tok. tapi yo ngono wes kadung onok sing ngecap elek gara-gara kampus D iki.

wes mari sek yo dulur critoku perkoro Kutho Suroboyo.
pokoke ancen Suroboyo iki kutho paling cocok nang atiku

Nedho Nrimo

Ps : mungkin lain kali ada edisi bahasa Indonesianya, kalo saya tidak males dan capek. hehehe